Monday, February 13, 2012

REINKARNASI WAHYU SANG PAMOMONG

Kodrat yang telah menjadi hukum ketetapan Tuhan,  bahwa pengemban wahyu atau pamomong bukanlah sembarangan orang tetapi “Jalma Pinilih Kinasihing Dewa” yang telah diberi “Mukjizat” berupa  kekuatan HASTA BRATA yang berupa 8 (delapan) kepribadian watak yang meliputi : Watak (Bumi, Banyu, Geni, Angin, Surya, Rembulan, Lintang  lan Mendung), dengan penjelasan sbb : (sengaja kami rangkai dalam bahasa bahasa jawa)

1.      Ambeging BUMI :
Lire tansah adedana, karem ing reh bebungah marang sagung dumadi. Peparinge arupa sakabehing thethukulan kang tuwuh ing awake, suka lila den anlap dening sapa wae, apa iku kewan luwih-luwih manungsa. Aja maneh mung thethukulan, den paculi, dheweke tansah lega lila ora nduweni rasa serik; malah yen kebeneran bisa ngatonke pendheman raja brana, ndadekake bungahe kang ndudhuk.
2.      Ambeging BANYU :
Lire, ngluberake apura para marta, bisa ngenaki ati, ora cugetan ing ati, sanajan diangsu ditimba dicidhuki tetep pulih ora ana tepake, tansah andap asor ing budi, ananging yen murka bisa ambanjiri salumahing bawana.
3.      Ambeging GENI :
Lire, amisesa ing kalesa (rereget,cacad), bisa nglebur rereget ing bumi, ambabadi kang rungkut, amadhangi kang peteng, yen kalonggaran nora suda atine, nora gela cuwa, nora getun, bisa sareh, bisa sereng, nanging ora kawistara lakune.
4.      Ambeging ANGIN :
Lire, tan pegat niti priksa nganti kemput tepusing wates, agung tansah ngijen-ngijen ngisep swasana lan solahing dumadi bisa muksa agal alus, ageng alit amiguna ing aguna, lakune tanpa wangenan, pamrihe tanpa tengeran lan tanpa tilas, yen katolak tanpa sesak, yen katarik ora serik. Tetep lila legawa ing darma.
5.      Ambeging SURYA :
Lire, tansah sareh ing karsa, ririh ing pangandika, rereh ing pangarah, ruruh ing tindak tanduk, nora daya-daya kesusu antuka sabarang kang den pepe ing panasing srengenge, nora age-age den garingke. Lakune jejeg kadya lakune surya, tansah angarah-arah, patrape angarih-arih, pamrihe ing sabarang reh nora rekasa anggone misesa.
6.      Ambeging REMBULAN :
Lire, bisa anugraha memet ing prana, sumeh ing netra, alus ing budi anuwuhke rasa arum, sumarah sumrambah marang saisining jagad raya, uga amadangi sasamining gesang nora agawe panas ing sasami.

7.      Ambeging LINTANG :
Lire, tansah kukuh santosa bakuh nora keguhan, nora leres (nora mundur ngoncati) ing ubaya, nora lemeran ing karsa, tanpa samudana pitayan aten.
8.      Ambeging MENDHUNG :
Lire, nglempakake dana wasiyat, lire adil nora pilih kasih, danane  yen kebeneran aweh ganjaran ngudunake udan, wasiyat sapa kang nandhang luput katiban pamuksa pinidana ing guntur tanpa wasesa, adile anggone angawruhi ala becik bener luputing sadhengah, gebyaring kilat thathit minangka titipriksane, kang ala lan luput nampa pamuksa ukuman, kang becik lan bener nampa ganjaran.
Itulah delapan watak alam / jagad besar (Makro Kosmos) yang harus bisa disandang oleh manusia  yang tercermin dalam  jagad kecil (Mikro Kosmos) sebagai pengendali perilaku dalam kehidupan atau PAMOMONG
Title: REINKARNASI WAHYU SANG PAMOMONG; Written by Unknown; Rating: 5 dari 5

No comments:

Post a Comment